Iki Negara Apa?
Iki negara apa, pejabat gajiné mundhak, pajegé rakyat ya mèlu mundhak.
Iki negara apa, utang jaban rangkah numpuk, sing mbayar wosé ya rakyat.
Iki negara apa, rakyat mung nampa BLT rècèh, pejabat nguntal proyèk triliunan.
Iki negara apa, sing cilaka kudu mbayar ragad rumah sakit, sing maling dhuwit rakyat malah plesiran menyang jaban rangkah.
Iki negara apa, wong tani nandur nganti adus kringet, regané murah nalika panèn, nanging larangé ora umum ing pasar.
Iki negara apa, pangan pokok diimpor, tanah subur dijaraké nganti cengkar.
Iki negara apa, wong cilik telat mbayar listrik langsung dipedhot, pejabat korupsi miliaran isih nampa fasilitas negara.
Iki negara apa, wong dagang dipajegi nganti bangkrut, konglomerat sing ngemplang pajeg malah oleh pangapura.
Iki negara apa, tanah nganggur sacuil waé disita, nanging tanah éwonan héktar digarap pemodal malah dianggep sah.
Iki negara apa, wong nganggur diarani dadi beban negara, nanging pejabat sing turu ing kantor isih tetep dibayar.
Iki negara apa, rékening rakyat sing meneng waé diembat negara, nanging rékening koruptor malah direksa.
Iki negara apa, bocah sekolah kudu mbayar SPP, buku larang, ragad kuliah nggilani, nanging ijazah ora njamin oleh gawéan.
Iki negara apa, tenaga kerja lunga menyang jaban rangkah dadi réwang, nanging para nom-noman ing kéné bingung golèk kerja.
Iki negara apa, hukum mung galak marang wong cilik, nanging ndhingkluk marang sing duwé panguwasa.
Iki negara apa, wong mlarat rebutan sembako, pejabat rebutan kursi lan kuwasa.
Iki negara apa, wong mangan sega aking diunèkké kesèd, pejabat mangan dhuwit rakyat diunèkké pinter.
Iki negara apa, sing protès dianggep makar, sing ngrampok negara malah dielu-elu dadi juru slamet.
Iki negara apa, wong cilik kudu antri jaminan kasarasan, pejabat langsung mlebu kamar VIP.
Iki negara apa, rakyat dipeksa manut aturan, pejabaté malah nerak aturan sing digawé dhéwé.
Iki negara apa, sing mlarat dikon sabar, sing sugih malah diubengi fasilitas.
Iki negara apa, wong désa ngumbara ing kutha mung dadi buruh, wong kutha mlebu désa malah ngeruk hasil bumi.
Iki negara apa, yèn rakyat nggawé luput sacuil waé langsung diukum, nanging yèn pejabat sing luput diarani "khilaf".
Iki negara apa, yèn rakyat telat mbayar pajeg langsung ditagih, nanging pejabat sing nyolong pajeg malah diapura.
Iki negara apa, yèn rakyat sengsara dikon tansah syukur, pejabat sugih dipuji-puji merga berkahé.
Iki negara apa, anggaran pambangunan digawé proyèk mercusuar, nanging rakyat cilik isih liwat kreteg pring.
Iki negara apa, dalan tol nglancaraké mobil méwah, nanging dalan désa isih pating jeglong.
Iki negara apa, rakyat dikon ngirit listrik, nanging kantor pejabat lampuné murup rina wengi.
Iki negara apa, iwak ing segara akèh, nanging nelayan uripé ngrekasa kaya mungsuh karo aturan sing njlimet.
Iki negara apa, wong pinter sekolahé dhuwur malah nganggur, sing bodho nanging duwé sambungan langsung oleh jabatan.
Iki negara apa, wong désa mbayar pajeg bumi, nanging lemahé diobral kanggo pemodal asing.
Iki negara apa, wong cilik rebutan sembako, pejabat rebutan proyèk APBN.
Iki negara apa, wong mlarat telat nyicil motor langsung ditarik, pejabat ngemplang triliunan isih bébas plesiran.
Iki negara apa, sing protès diantem aparat, sing ngrampok negara malah dikeproki.
Iki negara apa, wong kerja 12 jam gajiné kurang, pejabat rapat 2 jam oleh tunjangan sagunung.
Iki negara apa, rakyat ora duwé omah diarani liar, pejabat sing duwé omah puluhan diarani suksès.
Iki negara apa, wong mati kudu mbayar lemah kuburan, pejabat mati dikawal nganggo protokol kenegaran.
Iki negara apa, wong lara ngantri BPJS nganti ditolak, pejabat lara langsung mabur menyang jaban rangkah.
Iki negara apa, wong nyolong beras sekilo diadili, wong ngemplang triliunan malah bisa nyaleg manèh.
Iki negara apa, rakyat kudu manut lalu lintas, nanging rombongan pejabat nganggo sirine bisa nerabas sak senengé.
Iki negara apa, rakyat nyolong sandhal diarak, pejabat nyolong miliaran malah diparingi fasilitas.
Iki negara apa, wong mlarat dikon ikhlas, pejabat sugih diparingi pakurmatan.
Iki negara apa, wong kesrakat diarani kesèd, pejabat korupsi diarani "pinter ngatur strategi".
Iki negara apa, wong kerja mempeng ora diregani, wong sing seneng golek rai malah munggah pangkat.
Iki negara apa, rakyat mikir sésuk arep mangan apa, pejabat mikir sésuk arep nguntal proyèk sing endi.
Iki negara apa, rakyat diiket aturan sing kaku, pejabat bébas dolanan hukum.
Iki negara apa, rakyat dilarang salah omong, pejabat sakarepé dhéwé ngapusi rakyat.
Iki negara apa, wong biasa yèn meneng dianggep salah, pejabat ngapusi terus-terusan isih dielu-elu.
Iki negara apa, rakyat mung péngin urip prasaja, pejabat malah mburu gaya urip kaya sultan.
Iki negara apa, sing sugih saya sugih, sing mlarat saya kerep kelara-lara.
Iki negara apa, rakyat mung péngin adil, pejabat mung péngin kahanan sing nguntungaké golongané.
Iki negara apa, hukum mung landhep marang sing ringkih, nanging kethul yèn ngadhepi sing duwé kuwasa.
Iki negara apa, rakyat mung dadi tamèng, pejabaté sing panèn untung.
Iki negara apa, rakyat diundang mung nalika pemilu, sawisé kuwi dilalèkaké kaya-kaya ora ana.
Iki negara apa, rakyat mung dadi seksi kasangsaran, pejabat dadi paraga ing sandiwara panguwasa.
Iki negara apa, rakyat dipeksa percaya marang slogan, nanging kanyatané mung nuwuhaké beban.
Iki negara apa, rakyat dikon sabar ngentèni janji, pejabat uripé sarwa keturutan.
Iki negara apa, jare
wis merdika, nanging rakyaté isih krasa kaya dijajah.
IKI NEGARA APA?

Tidak ada komentar:
Posting Komentar